Jumat, 18 Mei 2012

Galeri wayang kumpulan pangeran kurniandiko



Kaca Ngajeng

Blog Kayon

Blog Gamelan

Terpopuler (Top Click)

Pengunjung Sejak 24-2-1012

mod_vvisit_countermod_vvisit_countermod_vvisit_countermod_vvisit_countermod_vvisit_countermod_vvisit_counter
mod_vvisit_counterHari ini1144
mod_vvisit_counterKemarin1111
mod_vvisit_counterMinggu ini6790
mod_vvisit_counterMinggu kemarin6331
mod_vvisit_counterBulan ini17722
mod_vvisit_counterBulan kemarin6935
mod_vvisit_counters/d hari ini24657

We have: 10 guests online
Your IP: 180.247.219.46
Firefox 6.0.2, Windows
Today: 18 Mei 2012
 
Galéria Ki Dêmang Såkåwatèn
01 Gambar Kayon : 21 gambar

01_kayon_anoman_obong
02 Gambar Wayang : 442 gambar

A
a01_abilawa_banyumas
Abilawa

B
b01_badawanganala_yogya
Badawanganala


C
c01_cakil_solo
Cakil


D
d01_dadung_awuk_solo_
Dadung Awuk


E
e01_ekalaya_solo
Ekalaya


G
g01_gagakbaka_solo
Gagak Baka

H
h01_hamso_solo
Hamso


I
i01_indrajit_solo
Indrajit


J
j01_jaka_pengalasan_solo
Jaka Pengalasan


K
k01_kakrasana_solo
Kakrasana


L
l01_laksmana_widagdo_solo
Laksmana W


M
m01_mahadewa_solo
Mahadewa


N
n01_naga_percona_cirebon
Naga Percona


P
p01_padmanaba_solo
Padmanaba


R
r01_rahwana_cirebon
Rahwana


S
s01_sadana_solo Sadana

T
t01_tambak_ganggeng_soloTambak Ganggeng

U
W
w01_wasista_solo
Wasista


Y
y01_yamadipati_solo
Yamadipati




03 Gambar Gamelan : 31 gambar

22-kendhang-ageng
kds_penutup
 

Laku Utama Wejangan Kurniandiko

  Púspå Warnå
03. Laku Utåmå
Andarané Råmå Sudi Yatmånå bab laku ndudút ati lan kêpéngín ngganêpi.
Laku tumrap wóng Jåwå síng (isíh) njåwå pancèn pêntíng.
Wulangan Jåwå akèh kang nuntún supåyå pådhå nindakaké laku (bråtå) síng apík, bêcík, utåmå síng béda karo “lakuné” kéwan.
Amargå manungså kuwi tinitah supåyå drajaté luwíh dhuwúr-luhúr katimbang kéwan.
Wêlingé, åjå nganti drajaté pådhå karo kéwan.
Manungså diwêlíng supåyå duwé laku síng utåmå, såkå têmbúng Sanskêrta uttama.
Wulangan, pitudúh, pitutúr ngênani laku utåmå ånå ing budåyå lan sastrå Jåwå akèh bangêt.
Sêrat-sêrat anggitané Sri Mangkunagårå IV ngêmót wulang warnå-warnå supåyå nduwèni tumindak utåwå laku kang utåmå.
Ånå laku síng kudu dilakóni déníng para santånå, pårå punggåwå åpå déné pårå kawulå marang gustiné.
Kêjåbå såkå iku ånå laku tumrap muríd marang guruné, pårå putrå marang wóng tuwané.
Ånå ing Sêrat Warayagnyå mènèhi pitutúr tumrap putrå síng arêp pålåkråmå supåyå duwé nalar síng wêníng lan landhêsan hukúm.
Yèn hukúm ditinggal têmah dadi nisthå. Supåyå ora kêduwúng nganggo nalar kang wêníng: kang dhingín bóbót, pindho bêbêt, katri bibít. Wulangan bab laku utåmå tumrap anak tinulís ing Sêrat Paliatmå.
Pali pådhå karo papali/awisan, atmå putrå.
Paliatmå papali tumrap putrå síng isiné ånå 15 (limå las) bab, utamané bab njågå baléwísmå, sukúr marang Hyang Widhi, ngrêkså lan ngaubi pårå kadang, kuwajiban marang sasåmå, njågå kaluhuran, karukunan, khalal-kharam, åjå ånå ålå-ingalanan, lan sapituruté.
Ånå ing Sêrat Yogatåmå ugå ånå wulangan tumrap pårå putrå supåyå tansah nindakaké ulah yogå, pujå, bråtå lan tåpå.
Kabèh isiné apík-apík, ora gampang di cakaké nangíng nuntún marang tumindak utåmå.
Ånå ugå laku síng kudu di tuladhani déníng pårå punggåwå, nayåkå pangêmbatíng pråjå ånå ing Sêrat Nayåkåwårå. Bab-bab síng magêpókan karo kawiryan lan kawicaksanan ing olah kaprajan supåyå diudi.
Têmbang Dhandhanggulå pupúh 6, muni:
“Wardiníng kang wasitå jinarwi, wrúh ing hukúm iku watêkirå, adóh marang kanisthané, pamicårå punikå, wèh rêsèpé ingkang miyarså, tåtåkråmå punikå, ngêdóhkên panyêndhu, kagunan iku kinaryå, ngupabogå déné kalakuwan bêcík, wèh rahayuníng rågå”. Mêthík såkå wulangan iki, pårå nayåkå pråjå “wajíb” ngêrtèni lan ngêcakaké hukúm utåwå undhang-undhang. Mênåwå hukúm dilanggar bisa mlêbu ing jurang kanisthan. Kêjåbå såkå iku pårå nayåkå pråjå supåyå biså njågå bab “ilat, ulat lan ulah”.
Ånå ing babagan ilat (wicårå) síng ngati-ati, åjå méncla-ménclé, “ésúk dhêlé soré témpé”.
Ajiníng dhiri såkå lathi, ajiníng awak såkå tumindak.
Bab ulat lan ulah kudu dijågå supåyå bisa nuwúhaké kêrahayón tutús tutúg ngabdi ånå ing pråjå.
Laku utåwå watak bêcík tumrap pårå prajurít uga diwulangaké ånå ing Sêrat Tripåmå.
Tri têlu, påmå pami, upami têtuladhan, tuladhan síng cacahé têlu.
Tulådhå tumrap pårå prajurít supåyå niru wataké Patíh Suwåndå, kang ginêlung tri prakårå yakuwi:
- gunå,
- kåyå,
- purún.
Wataké sang Kumbåkarnå satriyå Ngalêngkå ugå biså dadi tulådhå amargå ngrungkêbi pråjå labúh nagårå.
Wataké Suryåputrå narpati Ngawånggå, amårgå suwitå lan dadi agul-agul Ngastinå (têtêp) mbélani Kuråwå prang lawan Arjunå.
Laku utåmå kang katindakaké pårå parågå têlu mau kalêbu ing babagan lêlabuhan tumrap pråjå.
Ånå manèh tulådhå liyané síng bisa dibundhêli lan dipundhi-pundhi.
Radèn Ngabèhi Rånggåwarsitå kadhawuhan déníng Pakubuwånå X supåyå nyalin Sêrat Nitisruti anggitané Panêmbahan Sénópati, dadi têmbang síng éndah lan nyênêngaké.
Ånå ing Sêrat Nitisruti digambaraké kåyå déné (watak) pêndhitå utåmå lan sêmpurnå.
Sabiså-biså manungså iku diibarataké kåyå wít cêndhånå. Sanadyan wís ambrúk lan dadi cilík-cilík têtêp nduwèni gåndå arúm kang ngambar têkan ngêndi-êndi.
Kabèh mau amargå duwé ati síng apík, jêmbar kåyå langít síng ora ånå mégané.
Krêntêgíng ati kudu tansah apík marang sasåmå.
Sabanjuré laku utåmå utåwå utamaníng bråtå sinêbut ing Wédhåtåmå :
“nulådhå laku utåmå, tumrapé ing tanah Jawi, wóng agúng ing Ngèksigåndå, Panêmbahan Sénópati, kapati amarsudi, sudaníng håwå lan nafsu, pinêsu tåpå bråtå, tanapi ing siyang ratri, amêmangún karyénak tyasíng sasåmå”. Ånå bab pêntíng síng pêrlu dijingglêngi, yåkuwi kapati amarsudi, sudané håwå lan nafsu.
Håwå nafsuné dipèpèr dipêrsudi supåyå sudå. Håwå nafsuné dirèh åjå malah dirèh karo håwå nafsu.
Ånå ing uripé bisaå ngêrèh håwå nafsu, åjå malah dadi kawulané håwå nafsu. “Pêngêndalian diri” dadi punjêríng tumindak ånå ing ngêndi baé.
Sênadyan akèh bangêt wulangan ånå ing susastrå Jåwå, pêrlu dingêrtèni lan diyakini mênåwå wulangan laku utåmå tinêmu ing agåmå-agåmå: Islam, Kristên, Katholik, Hindhu, Budå lan Khóng Hu Chu.

Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

Kamis, 17 Mei 2012

Wejangan Pangeran kurniandiko

᭰  Pasinaón Pranåtå Cårå
01. Mranatacara Lan Hamedhar Pangandikan Ingkang Sae
aderengipun kita maos tuladha-tuladha gladhen maraga minangka Panatacara (MC) lan hamedhar pangandikan, mangga ing perangan ngajeng punika kita hanggladhi mangka paraga Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kanthi adhedhasar pangertosan lan pengalaman ingkang kedah kita mangertosi utawi sak mboten - mbotenipun kita nggadhahi, sabab manawi anjagekaken tuladha hamedhar pangandikan kemawon, kirang ndadosaken pamareming manah ing tundhonipun.
Ngibaratipun menawi kita yasa wisma ingkang sae nanging pondhasi / dhasaring bangunan badhe ambruk, semanten ugi hamedhar pangandikan, menawi kita namung ngapalaken tuladha - tuladha tanpa hanggadhahi dhasar tundhonipun badhe amanggihaken kuciwaning manah.
Wonten sangajenging para tamu, lan para lenggah, tartamtu mboten nama kaladuk menawi wonten ing buku punika badhe kita beberaken sapala ngengingi kados pundi hamaraga minangka Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kula pitados, menawi kita saged nguwaosi cara - caranipun Panatacara lan hamedhar pangandikan, mila kanthi mekaten kita badhe kasil anggen kita hamedhar pangandikan ingkang sae, andamel sengseming akathah lan hamemiluta kanthi tetembungan ingkang manis mamanuhara
Kita enget Bung Karno? Panjenenganipun minangka Presiden utawi Proklamator, nanging ugi misuwur minangka salah satunggaling piyantun ingkang lebda hamedhar pangandikan ingkang kondhang kaloka.
Semanten ugi kita tepang sintenta Haji Zainnudin MZ mubaligh ingkang misuwur. Pinten-pinten dasa kaset rekaman anggenipun hamedhar pangandikan sampun sumebar laris wonten ing pekenan.
Sampun puluhan ewon ingkang sami kepranan malah manawi sang Mubaligh nedheng amedhar pangandikan.
Kados pundi kok saged makaten ? Mubaligh kita ingkang satunggal punika anggadhahi kawegigan hamedhar pangandikan ingkang sae.
Kita kepengin kados dene panjenenganipun ? Sampun kuwatos ing manah.
Sadayan piyantun saged. Lan kita pitados bilih kita ugi saged hanindakaken manawi kanthi dhasar ateteken kanthi tekun anggladhi lan amarsudi

Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

Image
Wangsul Manginggil

 

Sari Jawa Kurniandiko

   Sari Båså Jåwå
Sari Basa Jawa Pangeran Kurniandiko


01. Tembúng Ngoko - Kråmå Mådyå - Kråmå Inggil
Perangane Awak
No. Ngoko Kramå Madyå Kråmå Inggil
01.
02.
03.
alís
ati
awak
alís
manah
badan
imbå
(pêng) galih
salirå
Selanjutnya...
 
02. Tembung Ngoko - Krama Madya - Krama Inggil
Tembung Liyane Aksara A - D
No. Ngoko Kråma Madyå Kråmå Inggil
01.
02.
03.
abang
adhi
adêg
abrít
adhi
ngadêg
abrít
rayi
jumênêng
Selanjutnya...
 
03. Tembúng Ngoko - Kråmå Mådyå - Kråmå Inggil
Tembung liyane Aksara E - K
No. Ngoko Kråmå Madyå Kråmå Inggil
01.
02.
03.
élíng
êmbah
êmbuh
élíng
êmbah
kirangan
émút, ångêt
éyang
ngapuntên
Selanjutnya...
 
04. Tembúng Ngoko - Kråmå Mådyå - Kråmå Inggil
Tembung Liyane Aksara L - P
No. Ngoko Kråmå Madyå Kråmå Inggil
01.
02.
03.
labúh
lagi
laír
labêt
sawêg
lair
labêt
nêmbé
miyós
Selanjutnya...
 
05. Tembúng Ngoko - Kråmå Mådyå - Kråmå Inggil
Tembung liyane Aksara R - Y
No. Ngoko Kråmå Madyå Kråmå Inggil
01.
02.
03.
rabi
rådå
råså
émah êmah
radi
raós
kråmå
radi
raós
Selanjutnya...
 
06. Tembung Basa Kawi A - L
agni = gêni
agrå = pucúk
ajar = pandhitå
apsårå = déwå
asurå = butå
ardi = gunúng
Selanjutnya...
 
07. Tembung Basa Kawi M - Y
madyå = têngah
makaryå = nyambút gawe
mamèh = golèk
mijíl = mêtu
minå = iwak
mitrå = kåncå
Selanjutnya...
 
08. Paribasan A - D
1. Adhang-adhang tètèsé êmbún.
    Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
2. Adigang, adigúng, adigunå
    Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
Selanjutnya...
 
09. Paribasan E - K
1. Éman éman ora keduman.
    Karêp éman malah awaké dhéwé ora kêduman.
2. Êmban cindé êmban siladan.
    Pilíh kasíh ora adíl.
Selanjutnya...
 
10. Paribasan M - O
1. Maju tatu mundúr ajúr.
    Prakårå kang sarwå pakéwúh.
2. Matang tunå numbak luput.
    Tansah lupút kabèh panggayuhané.
Selanjutnya...
 
11. Paribasan P - Y
1. Palang mangan tandúr.
    Diwènèhi kepercayan nangíng malah gawé kapitunan.
2. Pandêngan karo srêngéngé.
    Mêmungsuhan karo panguwåså.
Selanjutnya...
 
12. Candraning Manungsa
01.
02.
03.
alisé
astané
athi-athiné
nanggal sêpisan
nggêndhéwa
ngudhup turi
Selanjutnya...
 
13 Araning Tetanduran
Araning Wit - Godhong - Kembang - Pentil - Woh - Isi
Araning Wít
01. wít arèn
02. wít gêdhang
03. wít jagúng

ruyúng
debóg
tebón
Selanjutnya...
 
14. Pepindhan
01. Abang kumpul pådhå abang - kåyå alas kóbóng
02. Abangé - kåyå gódhóng katirah
03. Agungé - kåyå samodra rób
Selanjutnya...
 
15. Sanepan
01. Abang dluwang
02. Abót kapúk
03. Abót mêrang sagêdhêng
putih/pucêt bangêt
ènthèng bangêt
ènthèng bangêt
Selanjutnya...
 
16. Tembung Entar A - Y
01. abang kupingé = nêsu bangêt
02. (ng)abangké kuping = gawé nêsu
03. abang abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan
Selanjutnya...
 
17. Tembung Entar K - W
01. kådålu warså = kasèp; wis kliwat
02. kandel kulité = digdåyå; sêkti
03. kandel kupingé = ora nggugu pitutúr
Selanjutnya...
 
18. Tembung Garba
01. aglis
02. anèng
03. aranèki
såkå tembúng : age + gêlis
såkå tembúng : ånå + ing
såkå tembúng : arané + ki
Selanjutnya...
 
19. Tembung Camboran Cekak
01. bangcúk
02. bangjo
03. barbèh
: abang + pucúk
: abang + ijo
: bubar + kabèh
Selanjutnya...
 
20. Kerata Basa
01. anak
02. bapak
03. batur
karêp åpå-åpå kudu ånå lan énak.
bap åpå-åpå pêpak
êmbat-êmbating tutúr
Selanjutnya...
 
21. Tembung Mbangetake
01. abang - brèh, mbranang
02. abúh - mênthêng2
03 adhèm - njèkut
05. adóh - nyamut-nyamut
06. ajúr - mêmêt, mumúr
07. alas gung - liwang-liwng
Selanjutnya...
 
22. Purwakanthi
Guru Swårå
01. Ånå awan, ånå pangan.
02. Ngalah, nanging olèh.
03. Sing salah, kudu sèlèh
Selanjutnya...
 
23. Wangsalan - Parikan
1. Jênang gu1å kowe åjå lali. - (jenang gulå = glali).
2. Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan - (kêmbang garut = grêmêng),
Selanjutnya...
 
24. Arane Anak Kewan

01.
02.
03.
Anak :
ampal
angrang
asu
Jênêngé :
: êmbug
: kroto
: kirik
Selanjutnya...
 


Campursari Kurniandiko